Ramuan Wedak

From Akal Lokal
This page is a translated version of the page Ramuan Wedak and the translation is 100% complete.
        Peringatan: Halaman ini adalah sebuah rintisan. Anda dapat membantu dengan mengembangkannya.
Mbah Sipah (Dukun Pijat, 60 Tahun)

Beliau[1] punika salah satunggaling dukun pijat bayi ingkang manggen wonten Wonosari, Kendal. Kegiatanipun saben dinten punika ngleksanani pijat bayi utawi tiyang dewasa ingkang butuh pitulungan. Ing kehidupan saben dinten, beliau saged ngleksanani pijat 5-6 tiyang kanthi suwe 1-2 jam. Nalika prosès pijat, Mbah Sipah ngginakaken ramuan khusus ingkang dipun damel piyambak lan asring dipun sebat ‘Wedak’. Ramuan Wedak dipun damel saking rempah-rempah tradisional, ing antawisipun wonten Beras Kencur, Sereh, Asam Jawa, Adas Pulo Waras (Foeniculum Vulgare Mill), Temu Giring (Curcuma heyneana), lan Garam. Bahan-bahan punika salajengipun dipun campuraken kaliyan air hangat kangge dipun basuhaken dhateng seluruh badan nalika proses pijat. Ora namung pijat kemawon, Mbah Sipah ugi trampil ing racik jejamuan, bahan-bahan ingkang dipun ginakaken antawisipun; Temulawak, Temu Giring, Widowati, Lempuyang, lan Asam Jawa. Jamu ingkang dipun damel dening Mbah Sipah kapitados saged nyembuhaken sadaya jinis keluhan penyakit. Cara pembuatan jamu punika kanthi dipun garingaken salajengipun dipun tumbuk lan dipun paringi air hangat.

Narasumber:

  1. Mbah Sipah (Dukun Pijat, 60 Tahun)